“adus kungkum karo ratu felisa, assalamu alaikun salam sejahtera…”
“ngulu watu kroso kembung, nuwun sewu nderek gabung…”
sak derenge nyuwun ngapunten kula pun blusuk’an teng mriki pelu-pelu ngruweti ngebak-ngebak’i wae..
kula sanes lare nganjuk asli. ananging setunggal windu (2002-2010) sampun maringi pangalaman ingkang katah dumateng kula wonten nganjuk… saget dipun arani kula niki pun angin-anginen kaliyan kutho angin meniko.. dugi sakmenika kula taksih rutin dateng nganjuk setunggal wulan sepindah..
bungah rasaning manah wonten forum “nganjuk’an” dateng internet ngeten meniko. saget dados wadah sambung rasanipun poro blogger ingkang tresno dumateng kuthoangin..
inggih……
tepanganken nami kula wisnu, sakmeniko sampun bali kandhang wonten tulungagung. sakmeniko kulo training siaran wonten radio LiiurFM. saget dipun mirengaken wonten radio streamingipun
sakmeniko garwo kulo sampun ngandut jabang bayi nem wulanan. nyuwun donga’ lan timbul panjenengan sedoyo nggih, mugi-mugi dipun paringi kelancaran, kasarasan, mboten wonten alangan setunggal punapa. aminn….
monggo sedaya kemawon kulo aturi pinarak wonten griyo (bapak) kulo, jalan pattimura no.31 rt.03 rw.03 desa Gandong, kecamatan Bandung, kabupaten Tulungagung. menawi badhe rea-reo tindak dateng pantai pasir putih prigi medal ndurenan, niku medal ngajengan griyo. rugi menawi mboten mampir. toya pethak setunggal sumur sampun kulo siapaken.
menawi wonten mriki, griya kulo inggih blog’e cak senu. biasanipun kula cangkruk’an dateng pacembok utawi meniko YM (id:akusukawisnu) kulo panjenengan add..
kulo kinten cekap ngoten kemawon,
akhiripun…
“nggone mbak rom enak’e wedangan, kotaangin dot kom pancen he’eh tenan”
“yu paitun bojone markum, matursuwun wassalamu alaikum”




12:36
salam kenal juga mas wisnu. s’moga sukses selalu.
[Reply]
13:05
sari dan ratih ke makam Bung Karno
naik bus kota mabuk melulu..
terimakasih mas edy sujiyono
selamat berkarya sukses selalu..
[Reply]
07:39
salam kenal gan
numpang promosi yak :
http://linux-kertosono.blogspot.com/2010/07/buku-pelajaran-tik-berbasis-foss-ayo-di.html
yg demen TIK monggo didownload,,
jgn lupa mampir ke blog saya
dikomen, tukar link juga bisa
matur nuwun
[Reply]
16:30
pak senu salam kenal juga dr saya ya????
nama q mas maxum, moga blogx m,makin ningkat aja yaaa? btw maen donk ketempatq, sambil bawa kopi, gula, ples mentahnya juga gak apa ko….heheheeeeeee
tak tunggu kunjungannya lhoooo….
[Reply]
22:53
mana photonya????
[Reply]
04:27
mungkin bisa disebutkan alamat facebook, yahoo messenger, dan kontak yang lain.. supaya bisa lebih akrab…
photo juga penting sih…
[Reply]
21:23
mungi-mugi tansah pinarigan kasarasan dalah kawilujengan, mas wisnu sekeluarga…amin…
[Reply]
11:11
waoo mas wisnu masuk angin…
[Reply]
13:21
Salam kenal mawon mas!!!(gya knaln mode : on)
[Reply]
17:41
“sri winarsih jualan bunga bunga,
bawa korden sama sapu..
terimakasih kawan semua,
sudah komen di postingku..”
link FB YM ud ditambahkan. foto terganteng juga udah tak uplod. monggo mampir..
tak lupa mengucapkan:
“si mbah saleh dereng siram,
konco kabeh sugeng siam..”
[Reply]
14:07
waalaikumsalam, salam kenal, kulo tenggo on air jenengan nggih dateng radio
[Reply]
22:41
wekekekkee…. dulurku yo tulungagung mas… sumber gempol..
[Reply]
02:44
Reviews of the Most appropriate Electronic Cigarettes. … What our E Cigarette Probing Experts Recommend. Back discernible E Cigarette Brands What goes into our reviews?
[Reply]